Hasil kerja
kelompok Bhs. Jawa “Cerita Rakyat Magelang” ‘Kelompok 4’
بسم الله الر حمن ا لرحيم
Jeneng Siswa;
·
Cyntya Ayu P.K. Abiyyu Naufal S.
·
Lailaa Nuur F. Muhammad Ridwan.
·
Zahra nadidah . M. Habib I.S.
Dina / tanggal ; Rebo, 11 September 2013
Pelajaran ; Basa Jawa
Kasil Cerita Rakyat
; “Mula Bukane Candi Asu”
Candi Asu inggih punika salah
sawijinipun candi ingkang mapan wonten ing tlatah Magelang, Jawa Tengah. Candi
Asu punika salah sawijinipun saking tigang candi ingkang kasebar wonten ing
Dsa. Sengi, Kec. Dukun, Kab. Magelang. Wonten ing sakiwa tengenipun Candi Asu
kasebat, wonten kalih candi ingkang kalian Masyarakat Sengi dipun wastani Candi
Lumbung lan ugi Candi Pendem.
Tembung “Asu” saking asmanipun candi
kasebat, boten asma asli ingkang dipun paringaken kalihan Raja Mataram Kuno
ingkang mbangun Candi Asu kasebat. Asma aslinipun Candi Asu inggih punika
saking Basa Sansekerta, “Aswa” ingkang nggadahi arti “panggonan kanggo ngaso /
leren”. Tembung Aswa punika, wonten ilat jawi owah dados“asu” ingkang anggadhahi
arti, [Ina: ’Anjing’].
Candi Asu punika anggadahi ukuran
ingkang mboten wiyar, inggih punika kirang langkung 3.0 m2.
x 3.02 m. Wonten ing
salebetipun Candi Asu punika, wonten luangan ingkang mirip kalian sumur, wiyaripun
kirang langkung 1.3m2. x 1.3m2. Miturut salah
sawijinipun arkeolog ingkang asma
Bapak Soekmono, sumur ingkang wonten ing
salebetipun Candi Asu kasebat, rumiyin jaman Mataram Kuno kagem sembahyangan [
Ina: ‘pemujaan’] Masyarakat Hindu sekitar marang Sang Maha Agung.
Sejarah ngendika, bilih Candi Asu
punika anggadhahi carita rakyat inggih punika, mula bukane Candi Asu. Kang
kacaritan, bilih sawijining dinten, wonten satunggaling rombongan prajurit
perang Kerajaan Mataram Kuno; ingkang dipimpin marang Raja Batara Darma’i hayu
Salingsingan; kang liwat wonten ing Dsa. Sengi; lajeng rombongan perang punika
leren utawi ngaso kanthi damel sawijining bangunan kagem ngaso/leren; inggih
punika awujud candi ingkang dugi samriki taksih dipun wastani Candi Asu. Raja
Batara Darma’i hayu Salingsingan mbangun candi kasebat kirang langkung wonten
ing abad -8. Miturut sang juru kunci, awit rumiyin candi Asu punika sampun nate
dipun pugar kalian pemerintah.
Wonten ing Candi Asu, rumiyin wonten
salah satunggaling arca ingkang dipun wastani Arca Dewi Nandi. Arca Dewi Nandi kasebat, awujud rupa utawi
sirahipun asu lan sangandapipun awujud bidadari kang ayu sanget. Arca punika
anggadhahi filosofi bilih tiang estri ingkang sampun gadhah garwo mboten pareng
selingkuh marang sang kakung, mbokbilih
tiang estri selingkuh, dipun gambaraken dados Arca Dewi Nandi.
Jaman rumiyin, Candi Asu sak sampunipun
dibangun kalian Raja Batara Darma’i hayu Salingsingan; dipun agem kangge
upacara adat Masyarakat Hindu, inggih punika “Netak Abu”, ingkang dipun adani
wonten ing sumur kang wonten ing salebetipun Candi Asu.
Kedah dipun mangertosi, bilih mula
bukane Candi Asu punika wonten gegeyutan ipun kalian Kerajaan Mataram Kuno lan
ugi Raja Batara Darma’i hayu Salingsingan; ingakang nggadahi satunggaling kekarepan
kagem mbangun candi ingkang waget dipun agem kangge leren utawi ngaso para
pajuritipun nalika badhe ngadepi perang.
Waget dipun wastani, bilih sejarah utawi cerita rakyat “Candi Asu”
punika dipun milai kanthi Raja Batara Darma’i hayu Salingsingan ingkang
mbangun salah satunggaling bangunan arupa candi kagem ngaso/leren para prajurit
perang Kerajaan Mataram Kuno; ingkang dipun wastani Candi Aswa ingkang kalian
masyarakat jawi owah dados tembung ‘Asu’.
Mekaten carita rakyat utawi asal usul
utawi cerita mula bukane Candi, Asu ingkang mapan wonten ing tlatah Magelang.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar